Postingan

Kitab Primbon “Betaljemur Adammakna”

Gambar
  No. 222. Ngalamat kedut. Lamun keduten : 1. Saranduning awak kabèh, arep ndeleng kaéndahan. 2. Sirahé, arep olèh dahulaté ratu. 3. Embun-embunan, arep dadi mantri. 4. Bathuk tengen, arep olèh arta. 5. Bathuk kiwa, arep nemu suka. 6. Alis tengen, arep olèh arta. 7. Alis kiwa, arep katemu kakasihé. 8. Tlapukan mripat tengen ndhuwur, arep olèh arta. 9. Tlapukan mripat tengen ngisor, arep nemu kasusahan. 10. Tlapukan mripat kiwa ndhuwur, arep olèh kabecikan. 11. Tlapukan mripat kiwa ngisor, arep nangis. 12. Tadhahluh tengen, arep nangis. 13. Tadhahluh kiwa, luwar saka prihatin. 14. Papadoning mripat tengen, arep ningali kakasihé. 15. Papadoning mripat kiwa, arep kasusahan. 16. Wrejilané mripat tengen, arep nangisi wong mati. 17.